Thursday, December 8, 2011

Niteni Arikalane Kuwoso



elingono arikalane kuwoso
opo2 serbo biso
mrintah iso mingkemke perkoro
lelaku opo2 bakal pirso kawulo
kawulone sejati mung wong biaso
nanging isih ngerti sing duso2
mulo kui kawulo enggal ngedoh duso
ananging durung biso
mung mesem sing iso

elingono arikalane kuwoso
ojo sok ngandalke kuwoso
mergo kuwoso mung sawentoro
lelakumu bakal keserat sopo2
becik ketithik ala ketoro

elingono arikalane kuwoso
raja sing nguwoso ora seneng gae boso
opo2 di gae tanpo busono
mrintahno, ngungahno, ngawonno
kabeh ora nganggo mustoko
yoh,  mergo nalika iku isih joyo
tinono...

hey elingono nalika miskin papa
ora ono sing njawil po negur sopo
lelakune arikolo mguwoso
kabales dening kawulo
lamun ora biso
ning akhirot bakal ciloko
hm,,, rasakno







kaserat ing Serang 8-9 desember 2011


No comments:

Post a Comment